Rini Yuliati

Seorang ibu dari dua orang putri yang ingin belajar merangkai huruf sehingga menjadi bermakna. Tinggal di sebuah kota kecil di Kebumen, Jawa Tengah. Profesi mom...

Selengkapnya
Navigasi Web

Pojok Ngapak : Wedi Mangan Tempe

Esuk gasik Yu Surti wis mulai sibuk nang dapur. Pegawean wong wadon sing kudu dilakoni saben ndina. Yakuwe nyiapna sarapan nggo wong saumah. Yu Surti mbukak kulkas, nemu kangkung saunting karo tempe saklonjor. Rencanane arep njangan kangkung karo gawe mendoan.

Mripate Yu Surti ngileng-ngileng tempe sing nang tangan. Dheweke kelingan tulisan sing dibagi nang grup WA kanca SMA. Tulisan kuwe ngemu surasa kon ngati-ati nek milih tempe. Jarene nek arep milih tempe sing kedelene kuning aja sing putih. Jare nek kedele sing putih ora apik nggo kesehatan. Miturut berita kuwe, tempe sing digawe saka kedele putih nyebabaken gangguan kesehatan sing nggegirisi. Ora arep tek critakna nang kene.

Yu Surti galau mikirna babagan kuwe. Dheweke mung kamitenggengen karo nyekeli tempe. Kang Karjo weruh sing wadon meneng bae banjur takon.

"Nang ngapa, Mak. Deneng tempene kur dicekeli thok. Mbok diklambeni glepung ben tek pangan. Nggo ngancani ngopi nyamleng temenan, "pitakone Kang Karjo.

"Pak, enyong wedi arep masak tempe. Jare maraih dadi penyakit. Tembe ulih berita nang grup WA."

"Oalah Maak. Aja gampang percaya karo berita sing urung karuan kayektene. Inyong nembe maca jare berita kuwe sumbere ora jelas aliase berita hoaks."

"Oh, apa iya Pak. Syukurlah nek mung berita hoaks. Inyong rasane galau nek nganti ora ulih mangan tempe. Tempe kuwe panganan sing merakyat, murah tur rasane enak." Yu Surti semaur. Raine sumringah.

"Ya iyalah. Inyong bisa stres nek ora bisa mangan tempe. Apa maning mangan mendoan karo nyruput kopi ireng. Rasane nylekamin banget. Sing penting nek arep masak maca bismillah dhisit, Mak."

Bar ngerti nek kuwe mung berita ora bener, Yu Surti banjur ngrampungna masak. Gawe mendoan kesenengane bojone.

Mulane Lur, nek ana berita apa bae kudu dicek dhisit kayektene. Aja gampang percaya karo berita sing urung jelas sumbere.

Cukup semene curhatane Yu Surti. Suwe ora nulis nganggo bahasa Ngapak. Ora ngapak ora kepenak. Salam ngapak.

Bumi ngapak, 15 Nopember 2019

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Inyong bae siki mandan wedi angger mangan tempe, soale cok ana tugelan bithing utawa krikile. Mulane angger mangan tempe tek gawe alon-alon karo tek matna mbok ana barang sing kaya kuwe.

16 Nov
Balas

Xi..xi...Nek niku lewih nggegirisi Pak Edi...Krikil kalih bithing...Mak griul teng waja..Duuh...Dados linu niki ...Sugeng enjang ...Mugi2 diparingi keslametan ugi kasarasan....

16 Nov

Wah, gak ngerti eta teh basa mana nya? Haha

24 Dec
Balas

Bahasa planet dari negeri antah berantah Bun..hi..hi...

24 Dec

Ana Republik ngapak neng kene ya? wis men bae lah, men sukses,

15 Nov
Balas

Hi ..hi...Pak Jumaro...Selamat pagi dan sukses selalu....

16 Nov

Wow, la fahim na

16 Nov
Balas

Hi..hi...bahasa dari planet antah berantah Bun....

16 Nov



search

New Post