Rini Yuliati

Seorang ibu dari dua orang putri yang ingin belajar merangkai huruf sehingga menjadi bermakna. Tinggal di sebuah kota kecil di Kebumen, Jawa Tengah. Profesi mom...

Selengkapnya
Navigasi Web
Pojok Ngapak : Kondangan
Dokumen pribadi

Pojok Ngapak : Kondangan

Wulan siki nan nggone inyong lagi musim kondangan. Ana sing mantu. Ana uga sing nyunati. Urung suwe kiye, inyong nembe bae kondangan kanca kuliah nang UT. Jenenge Mbak Siti. Dheweke sing paling enom dhewek sekelas. Wonge ayu, putih tur langsing. Putrane pak kyai. Umahe lumayan adoh seka nggone inyong. Critane umahe nang pelosok desa. Kayane ana sejam lewih nang ndalan.

Inyong boncengan karo Bu Yana. Gasik arep dadi among tamu. Tekan desa sing dituju inyong karo Bu Yana bingung. Amarga urung tau meng nggone Mbak Siti. Nganti takon maring wong lima. Sawise muter-muter, ana janur kuning nang pinggir ratan. Umahe mandan mlebu njero. Ora nang pinggir dalan. Suasanane adem, akeh wit-witan nang pinggir dalan. Inyong rasane seneng meruhi pemandangan nang kana.

Tekan papan panggonan, pas pengajian. Waduh telat, ora bisa nyekseni ijab kabul. Ora papa lah. Inyong karo Bu Yana njagong nang kursi penerima tamu bareng karo pager ayu sing moblong-moblong. Sinambi ngrungokna pengajian seka pak kyai. Ora let suwe ana sing mbagi besek karo dus pacitan ditambah wedang teh segelas. Lumayan kena nggo ganjel weteng. Mau esuk urung kober sarapan. Lemper, roti karo emping mlebu weteng sing ngelih. Alhamdulillah.

Rampung acara pengajian. Para tamu undangan pada bali karo nggawa besek. Inyong karo Bu Yana gagean salaman nemoni penganten. Mau urung ketemu. Byuh byuh ayune Mbak Siti. Manglingi pisan. Sing lanang ya nggantheng. Pokoke kaya ratu lan raja sedina.

Inyong karo Bu Yana gole dadi among tamu mung tekan jam loro. Rencanane baline arep mampir nggone Bu Tini. Jare wis dipetna degan. Asyiiik. Panas-panas ngombe degan mesti seger. Duh, maning-maning bingung dalane. Akeh prapatan. Dhela-dhela takon karo wong. Akhire tilpun Bu Tini kon njemput. Bareng tekan nggone Bu Tini, wis gari nyruput degan. Alhamdulillah. Berkah silaturahmi. Ora mung kuwe, Lur. Baline esih dioleh-olehi beras karo gula jawa. Matur nuwun Bu Tini. Mulane sing rajin silaturahmi. Ben diwei rezeki nang Gusti Allah. Rezeki umur dawa lan rezeki materi. Amin.

Cukup semene critane inyong, Lur. Salam inyong. Tetep mesem selawase.

#edisikondangan#

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mesam mesem maca tulisan ikih. Karo mbayangne Mbakyu Rini dandan mlipit kondur kondangan nyangking besek. Mugi tansah sehat Mbakyu....barakallah nggih

27 Apr
Balas

Hi..hi...Dik Upik bisa bae lho....Inyong ora dandan mlipit wedi mbok ana sing naksir...GR temen ya...Matur nuwun wis kersa mampir Dik...Amin..Barakallah Dik...

27 Apr

Wah, pengantinnta pun ikut narsis tuh Budhe, hehehe. Sukses selalu dan barakallahu fiik

27 Apr
Balas

Iyq nih Bun..Emak2 rempong..Pingin narsis di pelaminan..hi..hi...Sukses juga tuk Bunda Pipi...Barakallahu fiik..

27 Apr

Nang Medan yo okeh juga seng mantu, Abah yo seneng ae wong Penghulune Abah. Barakallah Ibu Rini.

27 Apr
Balas

He..he..abah jadi banyak pekerjaan njih..Musim nikah...Barakallah Bapak..

27 Apr



search

New Post