Rini Yuliati

Seorang ibu dari dua orang putri yang ingin belajar merangkai huruf sehingga menjadi bermakna. Tinggal di sebuah kota kecil di Kebumen, Jawa Tengah. Profesi mom...

Selengkapnya
Navigasi Web
Pojok Ngapak : Randhane Tuku Motor Anyar
http://platrmalang.blogspot.com

Pojok Ngapak : Randhane Tuku Motor Anyar

Angkringane Kang Yanto mau mbengi rame. Sing dibahas ya randhane sing kinyis-kinyis jenenge Mbak Sumi.

"Run, jare randhane tuku motor anyar. Gres maning seka dealer," Kang Tarso ngomong karo njiot sate endhog puyuh.

"Iya, Kang. Motor vario metunan sing paling anyar," Barun semaur karo nyruput wedang jahe susu.

"Hebat temen ya. Ing ngatase mung dodolan cilikan be bisa tuku motor anyar."

"Jare mandan geleman, Kang. Tau weruh nang ngarepan hotel."

"Hush, aja suudzon, Run. Ora apik." Kang Tarso ngomong karo mendelik maring Barun.

"He..he iya Kang." Barun semaur karo cengar-cengir.

Mbak Sumi tanggane inyong tunggal se-RT. Randha ayu duwe anak siji. Anake wis kuliah nang akper. Mbak Sumi wonge grapyak karo sapa bae. Embuh nang ngapa dheweke urung gelem mbojo maning. Jare ana sing ngomong anu levele kedhuwuren. Dadi ora ana sing wani nembung. Ana maning sing ngomong jare ora ulih nang anak wadon. Ya mbuh lah, inyong ora melu-melu.

Mbak Sumi dodolan sembako cilikan nang umaeh. Inyong nek butuh gas utawa aqua galon mesti tuku nang kana amarga regane mandan miring tinimbang warung liyane. Urung suwe kiye, ngepasi tuku mie goreng nang warunge Mbak Sumi. Dheweke curhat karo raine nelangsa.

"Enggane inyong rasane nelangsa temenan, Mbak Rini. Njenengan wis krungu urung gosipe inyong ?" Mbak Sumi takon karo krisik-krisik.

"Gosip apa, Mbak Sumi." Inyong ethok-ethok ora ngerti.

"Gara-gara tuku motor anyar jarene inyong digosipna dadi gendhakane Mas Rusmanto." Mbak Sumi crita karo raine mandan kesuh.

"Astaghfirullahal"adzim. Masa nganti kaya kuwe, Mbak." Inyong semaur karo kaget.

Mas Rusmanto ya tanggaku. Ning wis duwe bojo. Jenenge Mbak Dewi. Wonge ya ayu. Kerja dadi perawat nang rumah sakit. Krungu critane Mbak Sri, inyong saking ora ngandele. Sebabe inyong ngerti Mas Rusmanto ora mungkin kaya kuwe.

"Ora usah dipikir, Mbak Sumi. Mung gosip murahan. Mengko tuli ilang dhewek gosipe." Inyong ngadhem-ngadhemi atine Mbak Sumi sing lagi kemropok.

Pancen dadi randha kudu kandel kupinge. Mesti sering dadi omongane wong. Grapyak karo wong lanang diarani geleman. Tuku barang mandan mewah jare dadi gendhakane wong lanang. Dandan mandan ayu sethithik jare lenjeh. Melas temen ya. Muga-muga Mbak Sumi enggal-enggal ulih pasangan maning. Amin.

Suwe ora nulis nganggo bahasa panginyongan. Kangen kepengin ngapak maning. Salam inyong, Lur.

Umahe inyong, 20 April 2019

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Mesakne temen ya Mbak..muga2 Mbak Sumi enggal oleh pasangan maning. Ning nek ora gelem rabi meneh ya rapopo..sing penting ttp semangat, mlaku dalan sing bener. Crita sing tak kangenni Mbakyu...barakallah yaa

20 Apr
Balas

Betul Dik Upik sing ayu...Dadi randha akeh cobane..Muga2 Mbak Sumi tabah...Maturnuwun sampun kersa mampir mriki...Barakallah...

20 Apr

Muga-muga Mbak Sumi enggal ulih pasangan maning. Aamiin. Salam PuJaKeSuma, Bunda Rini. Salam sehat, bahagia, dan sukses selalu. Barakallah.

20 Apr
Balas

Amiiin. Mugi2 pandonganipun Uthi dikabulaken Gusti Allah. Maturnuwun sampun mampir. Barakallah Uthi...

21 Apr

puyeng mba ku.. he he he ...sukses selalu

20 Apr
Balas

He..he..he..Bu Penilik pusing ya...Sukses juga yaa

20 Apr

Budhe, pagi-pagi sudah ngapak nih, hehehe. Sukses selalu dan barakallahu fiik

20 Apr
Balas

He..he....pusing yaa...Sukses juga yaa...Barakallah...

20 Apr

Angger rondo ayu pancen akeh sing melas.

20 Apr
Balas

Hemmmmm....Oh mekaten njih Pak Noto..

20 Apr

Cocog pisan bahasa panginyongan. Sgeng enjang mugi pikantuk kelametan.

20 Apr
Balas

Sugeng enjang ugi Pak Mardi...Maturnuwun...

20 Apr



search

New Post