Rini Yuliati

Seorang ibu dari dua orang putri yang ingin belajar merangkai huruf sehingga menjadi bermakna. Tinggal di sebuah kota kecil di Kebumen, Jawa Tengah. Profesi mom...

Selengkapnya
Navigasi Web
Pojok Ngapak : Khong Guan Rasa Rengginang
https://picgra.com

Pojok Ngapak : Khong Guan Rasa Rengginang

Ora krasa, wis mlebu pat belas dina gole puasa. Yu Surti mulai galau atine. Sedhela maning bada alias riyaya. Kabeh wong padha ngarep-arep dina kuwe. Kanggo biyung-biyung kaya Yu Surti, wis mulai mikir tuku pacitan nggo ngisi toples. Urung maning tuku klambi anyar nggo anak-anake. Duh, rasane sirahe mulai mumet. Kang Karjo, bojone mung tukang batu. Dina puasa siki ndilalah ora ana pegaweyan. Yu Surti melu ngode tandur nang nggone Pak Barun. Alhamdulillah duwit upahe kena nggo tambah-tambah tuku pacitan.

Esuk mau bubar sahur, Yu Surti ngumbaih toples sing arep nggo wadah pacitan. Ana 5 toples beling. Ana kaleng bekas roti khong guan. Kaleng bekas roti wafer tango. Kabeh dikumbah resik. Rencanane dheweke ngesuk arep gawe sagon karo satu. Panganan khas daerahe sing biasane digawe saben bada. Ora kelalen gawe rengginang nggo ngisi kaleng bekas roti khong guan. Jane dheweke isin maring tamu sing padha silaturahmi meng umahe. Ana sing sok guyon.

"Yu, kiye khong guan asli apa palsu," pitakone Kang Sunar karo mesam-mesem.

"Lha, rika ethok-ethok ora ngerti. Isine rengginang, Kang."

Pitakonan kuwe mesti ajeg nek padha mertamu meng umahe. Jane Yu Surti ya ora kesuh. Wong pancen anane kaya kuwe. Nanging nang njero atine dheweke kepengin banget tuku roti khong guan sing temenan nggo pacitan ngesuk. Dheweke ndonga, moga-moga ana wong apikan sing aweh THR roti khong guan temenan. Udu roti khong guan rasa rengginang.

Lur, dongakna ya. Ben ngesuk Yu Surti ulih THR roti khong guan karo roti wafer tango temenan. Trus maning dongakna bojone ulih pegaweyan ben bisa tuku klambi anyar nggo anake. Yu Surti mung cukup tuku daster bae. Sing penting anake bisa nyandang apik. Amin.

#edisibahasapanginyongan#

Kebumen, 17 Mei 2016

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Tuples jebakan Batman. OK Bun

18 May
Balas

He..he..jebakan batman yang menipu...sugeng enjang Pak Tanto...

18 May

Seng penting atine Yu Surti tulus lan ikhlas. Tak dongakne ulih THR roti khong guan karo roti wafer tango temenan. Tapi, rengginang yo kriuuukkkk assssyiiik. Aku suka. Trus, bojone Yu Surti juga ulih pegawean. Intine, Yu Surthi amba rezekine. Aamiin ya robbal alaamiin. Barakallah, Budhe Rini.

18 May
Balas

Salam kagem Uthi Rai dari Yu Surti....Maturnuwun sampun didongakaken supados pikantuk THR roti khong guan asli...kaliyan pedamelan kagem Kang Karjo ...Mugi2 Uthi Rai pinaringan sehat...Barakallah ..

18 May

Mau dong reginangnya Budhe, hehehe. Sukses selalu dan barakallahu fiik

18 May
Balas

He..he..Bunda Pipi doyan rengginang ya...Main sini nanti tak bawain rengginangnya...hi..hi...Barakallah Bunda Pipi...

18 May

Eaa

25 May
Balas

Yuhuiii...

25 May



search

New Post