Pojok Ngapak : Lemu Ginuk-ginuk
Cilik. Gering. Urip sisan. Wis paringane Gusti Allah, nganti duwe anak gadis loro awake inyong ajeg semene bae. 42 kilo. Kon kepriye maning jal. Inyong ya kepengin duwe awak lemu ginuk-ginuk. Rasane nelangsa saben bali ndesa mesti pitakonane ajeg. "Deneng siki awake gering." Duh, inyong rasane ngrememeh. Mbuh takon temenan apa mung ngenyek. Inyong dadi suudzon. Kepengin mbengok sing seru. Apa enggane awake inyong dikon mompa ben mlembung ginuk-ginuk ? Inyong ora trima. Gering ya paringane Gusti Allah. Lemu uga paringane Gusti Allah. Aja sok nyacad maring wong liya ya, Lur.
Kanggo emak-emak sing sok aweh pitakonan ora mutu. Ngesuk nek ketemu kanca lawas aja nganti takon masalah awak "gering utawa lemu." Pitakonane ganti bae misale masalah kuwarasan utawane masalah liyane sing ora menyinggung atine wong liya.
Puasa romadon telung puluh dina wis dilakoni. Sawise nglakoni ibadah kuwe, perilakune kudu lewih ngati-ati maning. Omong-saomong kudu dijaga aja nganti gawe lara atine wong liya. Ilat kuwe landhep kaya peso, Lur. Kadhang ora sadar menawa ucapan utawa pitakonane dhewek bakal nglarani atine wong liya. Bahasa kerènè ya "mawas diri." Iya, mbok. Wis lah, cukup semene curhatane inyong. Arep liwet dhisit nggo buka puasa.
Edisi bahasa panginyongan sing nggemesi tur nggregeti. Ora ngapak ora kepenak.
Kebumen, 25 Mei 2019
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.
Laporkan Penyalahgunaan
Komentar
Lemu dadi awet. Gak maem seminggu tetap kuat. Sugeng sonten. Bun. Salam
He..he...mekaten njih Pak ....Sugeng sonten ugi Pak Tanto...
"Sawise nglakoni ibadah kuwe, perilakune kudu lewih ngati-ati maning. Omong-saomong kudu dijaga aja nganti gawe lara atine wong liya. Ilat kuwe landhep kaya peso, Lur." Mantttraaaffff....tenan. Hihihi...ginuk-ginuk, tapi kan ayuuuu. Salam sehat, bahagia, dan sukses selalu. Barakallah..., Budheeee.
He..he...Njih mekaten curhatipun emak rempong Uthi...Mugi2 sak sampunipun puasa ramadan saged dados tiyang ingkang sae ati lan lathinipun...Salam sehat kaliyan sukses kagem Uthi Rai...Barakallah...
Aku ginuk ginuk yah Budhe, hehehe. Aku sendiri nih yang tak ngerti. Sukses selalu dan barakallahu fiik
Hi..hi...bunfa Pipi tidak ginuk2 tapi langsing ....Sukses juga untuk bunda Pipi...Barakallah ...
Mboten usah lemu ginuk-ginuk niku obesitas, sing penting sehat, sae kaleh tiyang lan sederek. Hehehehe pun cekap njenengan semonten, sing lemu tandane mboten saget langsing. Salam sehat dan sukses.
He..he...Bunda Rita bisa ajah...Dipun syukuri mawon njih supados teng ati sekeca...Gering disyukuri..lemu ginuk2 nggih dipun syukuri paringanipun Gusti Allah sedaya...Salam sehat kaliyan sukses ugi kagem Bunda Rita...
Ampun dipun galeh nopo ingkang pun ngendikaaken tiyang sanes. Nopo ingkang dados pangandikanipun meniko ugi wonten klenta klentunipun. Awit meniko, monggo pun lampahi kanti sabar ugi lembahing manah.
Njih Pak Iwan...Maklum Pak..Emak2 nek dereng ngomel rasane dereng marem...he..he..Matur nuwun sampun kerso mampir wonten mriki...Barakallah...