Rini Yuliati

Seorang ibu dari dua orang putri yang ingin belajar merangkai huruf sehingga menjadi bermakna. Tinggal di sebuah kota kecil di Kebumen, Jawa Tengah. Profesi mom...

Selengkapnya
Navigasi Web
Pojok Ngapak : Salah Dina
https://m.kaskus.co.id

Pojok Ngapak : Salah Dina

Suwe ora nulis nganggo bahasa penginyongan. Kangen. Moga-moga sing maca ora mumet. Mau esuk ora kober nulis. Amarga mau awan jam 11, inyong lagi ana ujian TAP. Rika ngerti ora ? Lah, ethok-ethoke ngerti bae. Alhamdulillah, gole sekolah maning wis meh rampung. Sangang semester wis dilakoni. Ora krasa wis meh rampung alias diwisuda. Kanggo emak-emak kaya inyong, sing mikire wis mandan angel jane rasane abot sekolah maning. Nanging tuntutan nggo ningkataken kompetensi kudu dilakoni kanthi semangat. Nyatane bareng dilakoni ya rasane entheng, amarga akeh kancane sing senasib sepenanggungan.

Ujian TAP kuwe soale wujude uraian utawa jlentrehan. Hi hi. Bahasane campur aduk ora nggenah. Modale mung mengarang indah. Mbuh gole njawab bener apa ora sing penting ana jawabane. Nanging mau awan ana insiden utawa prastawa sing marahi nelangsa. Ana salah sijining kanca sing ora melu ujian. Udu amarga lara utawa ana kepentingan. Nanging amarga dheweke salah ndeleng dina. Ujare dheweke ujiane dina ngesuk. Sebut bae jenenge Mbak Mawar. Alesane dheweke ora duwe kuota nggo wa nan. Dadi ora mangerteni ana kabar. Padahal nang grup kelas wis ana woro-wpro nek dina siki ana ujian TAP. Jane nang kartu ujian ya wis ana tulisan jadwal ujiane. Mbak Mawar rasane ngungun banget amarga kudu ngulangi nang semester ngarep. Lan sing jelas dheweke ora bisa melu wisuda bareng kanca seangkatan. Sabar ya, Mbak Mawar.

Mulane kena nggo pepeling awake dhewek supaya teliti menawa ana kegiatan apa bae. Jadwale diwaca kathi premati. Dadi ora ana jeneng salah dina. Apa maning nek kuwe ngenani babagan sing penting. Nek wis kedadeyan anane mung gari ngungun. Ya wis lah, moga-moga Mbak Mawar tetep semangat sanajan keri batir. Tulisan kiye nggo ngelingaken awake inyong khususe, sing sok kelalenan. Hi hi. Cukup semene dhisit curhate inyong, Lur. Salam panginyongan. Ora ngapak ora kepenak.

Umahe inyong, 29 Juni 2019

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Ndherek bingah Mbakyu..mugi enggal diwisuda. Melas temen karo Mbak Mawar, merga kelalen kudu nunggu sak semester. Mugi tansah sabar lan semangat. Barakallah Ya Mbak...

30 Jun
Balas

Matur nuwun Dik Upik sing ayu...Amin..Moga2 ilmune bisa manfaat...Sugeng enjang...sugeng makaryo...

30 Jun

Hurray...Mbakku mau diwisuda.. Selamat yo mbak. Tapi Mbak Mawar harus nunggu satu semester lagi yaa... Tetap semangat Mbak Mawar, semoga cepat wisuda. Bener gak mbak isi tulisannya ?... hihihi

30 Jun
Balas

Hi..hi...Makasih Bu Penilik...Ternyata Uni sudah pinter menerjemahkan bahasa dari negeri antah berantah..kwkwkwk....

30 Jun



search

New Post